75 SOAL UAS/PAS PILIHAN GANDA BAHASA JAWA KELAS 10 SMK BESERTA JAWABANNYA
1. Reriptan kanthi paugeran tartamu, kang pamacane kudu di lagokake lan bisa di iringi wiramanig gendhing, iku diarani …
A. Sesorah
B. Macapat
C. Geguritan
D. Parikan
E. Paribasan
Jawaban: B
2. Tembang Macapat punika Cacahe wonten …
A. 11
B. 12
C. 13
D. 14
E. 15
Jawaban: A
3. Tibaning swara ing pungkasan ing saben sagatra, iku diarani …
A. Guru Lagu
B. Guru Wilangan
C. Guru Gatra
D. Pada Guru
E. Maha Guru
Jawaban: A
4. Cacahing larik/gatra saben sapada ( bait), iku diarani …
A. Guru Lagu
B. Guru Wilangan
C. Guru Gatra
D. Pada Guru
E. Maha Guru
Jawaban: C
5. Tembang pangkur asale saka tembung …
A. Cukur
B. Mungkur
C. Kukur kukur
D. Mingkar
E. Mingkur
Jawaban: B
6. Tembang pangkur iku nggambarke manungsa nalika …
A. Ana ing kandungan
B. Nalika nembe lair
C. Nggambarke nalika esih Bocah
D. Nggambarke wong kang wis tua
E. Lagi kasmaran
Jawaban: D
7. Ing ngandhap punika, surasane tembang Pangkur, Kejaba …
A. Ngajarake Tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka pamangun karakter dhiri pribadi
B. Ngajarake tuntunan perangan saka pendidikan karakter ing babagan etika sosial
C. Ngajarake supaya aja tumindak kaya dene wong bodho, kang omongane ora karu karuan lan ora tinemu nalar
D. Ngajarake tuntunan moral ing babagan nembah mring maha kuasa
E. Ngajarke wani karo wong Tua
Jawaban: E
8. Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Miturut pathokan tembang ing ngiggil, punika tembang …
A. Mijil
B. Maskumambang
C. Pangkur
D. Durma
E. Pucung
Jawaban: C
9. Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Tegese gatra ing nginggil punika …
A. Supayo nduweni pangrasa ilmu kang luhur
B. Supayo nduweni pangrasa ilmu kang duwur
C. Supayo ora nduweni pangrasa ilmu kang luhur
D. Supayo nduweni lmu
E. Supayo ora nduweni Ilmu
Jawaban: A
10. Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Amanate tembang ing nginggil
A. Manawa arep ndidik anak kang becik, kudu bisa nata lan nduweni rasa marang ajaran jawa kang luhur
B. Manawa arep ndidik anak kang becik, kudu ndueni Bandha kang akeh
C. Manawa arep ndidik anak kang becik, kudu disekolahna
D. Manawa arep ndidik anak kang becik, kudu prihatin
E. Manawa arep ndidik anak kang becik, kudu ndue HP
Jawaban: A
11. Paugerane tembang Pangkur yaiku …
A. 8a, 11i, 8u, 8i, 12u, 8a, 8i
B. 8a, 8i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
C. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
D. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8a
E. 8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8a, 8i
Jawaban: C
12. Gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka awal nganti pungkasan kanthi cekak wae. Iku kang diarani …
A. Sesorah
B. Macapat
C. Parikan
D. Cerkak
E. Geguritan
Jawaban: D
13. Ingkang mboten kalebet unsur unsur cerkak, yaiku …
A. Pangripta
B. Penokohan
C. Latar
D. Alur
E. Tema
Jawaban: A
14. Ingkang mboten kaamot nilai luhur ing cerkak, yaiku …
A. Nilai Budaya
B. Nilai Sosial
C. Nilai Etika
D. Nilai matematika
E. Nilai Moral
Jawaban: D
15. Nilai Kang ana gegayutane karo tumindak becik lan ala minangka dhasar panguripan manungsa lan masyarakat. Iku di arani nilai …
A. Nilai Budaya
B. Nilai Sosial
C. Nilai Etika
D. Nilai religius
E. Nilai Moral
Jawaban: E
16. Nilai iki ana gegayutane karo pemikir, pakulinan, lan asil karya cipta. Iku di arani nilai …
A. Nilai Budaya
B. Nilai Sosial
C. Nilai Etika
D. Nilai religius
E. Nilai Moral
Jawaban: A
17. Ingkang mboten kalebet ciri ciri Sinopsis yaiku …
A. Basa kang digunakke bebas
B. Gawe gorehe ati pamaca.
C. Anane dredah lan masalah kanthi ringkes
D. Narik kawigaten pamaca
E. Alur ing sinopsis kucu jumbuh karo crita asline
Jawaban: A
18. Gusti Maha Welas
Kira-kira jam tengah wolu esuk, para anggota perangkat desa ing Desa SumberMulyo wis padha teka, amerga dina iku ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi ing Desa Sumbermulyo iku dianakake pendak telung taun sepisan.
Kabeh warga kirap mubengi desa Ngarak wulu wetuning desa kanthi dientha-entha gunungan. Sakwise kui diterusake tontonan, sing paragane iyo para warga kono wae , kanthi mentaske budaya seni sing uwis disiapke. Mengko minangka panutup tradisi yaiku wayangan sawengi natas ing bale desa
Miturut cerkak wonten nginggil, ruwat bumi dianake saben …
A. Setengah taun sepisan
B. Setaun sepisan
C. Rong taun sepisan
D. Telung taun sepisan
E. Limang atun sepisan
Jawaban: D
19. Kira-kira jam tengah wolu esuk, para anggota perangkat desa ing Desa SumberMulyo wis padha teka, amerga dina iku ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi ing Desa Sumbermulyo iku dianakake pendak telung taun sepisan.
Ana ngendi ruwat Bumi arep di anakake …
A. Desa Sukoharjo
B. Desa Sumbermakmur
C. Desa Sumbermulya
D. Desa Purwareja Klampok
E. Desa Sukamiskin
Jawaban: C
20. Kabeh warga kirap mubengi Desa Ngarak wulu wetuning desa kanthi dientha-entha gunungan. Sakwise kui diterusake tontonan, sing paragane iyo para warga kono wae , kanthi mentaske budaya seni sing uwis disiapke. Mengko minangka panutup tradisi yaiku wayangan sawengi natas ing bale desa
Sesampunipun kirab bade onten pentas Seni lan minangka panutup tradisi badhe wonten ..
A. Wayangan
B. Jathilan
C. Ketoprakan
D. Campursarian
E. Pengaosan
Jawaban: A
21. Informasi enggal ingkang dipunandharaken wonten ing tulisan, lisan, utawi media elektronik kanthi jelas, aktual utawi enggal, lan narik kawigaten khalayak.
Iku kang diarani ….
A. Sesorah
B. Pawarta
C. Geguritan
D. Parikan
E. Paribasan
Jawaban: B
22. Ingkang mboten kalebet tetengere/ciri ciri pawarta yaiku …
A. Aktual
B. Nyata
C. Narik kawigaten
D. Ora nyata
E. Cepet utawi enggal
Jawaban: D
23. Ing ngandhap punika unsur unsur Pawarta, kejaba …
A. Menapa
B. Media
C. Wonten pundi
D. Kapan
E. Ana ngendi
Jawaban: B
24. Ing ngandhap punika Nilai kang wonten ing pawarta, kejaba …
A. Cepet
B. Nyata
C. Narik kawigaten
D. Penting
E. Nrenyuhake
Jawaban: E
25. Salah setunggalipun tetengere pawarta punika kedha Aktual, tegese aktual yaiku …
A. Pawarata punika saged dipertanggungjawabaken, lan beber bener kedodosan/nyata
B. Pawrata punika saged damel tiyang trenyuh
C. Pawrata punika saged damel tiyang seneng
D. Pawrata punika saged damel tiyang nelangsa
E. Pawrata punika saged di liput
Jawaban: A
26. Kecelakan segara bali kedadean neng pantai Parangtritis, dina Minggu (17/9/2020), sekitar gebug 13.00 WIB.
Kecelakaan iki nimpa telu bocah wadon yaiku Nicky Fitriani (15), Marini (38), lan Sunarti (39), ketelune warga Sragen, Jawa tengah.
Miturut pawarta ing nginggil kapan kedadosanipun
A. Minggu tanggal 11/9/2020 tabuh 13.00 WIB
B. Minggu tanggal 17/9/2020 tabuh 15.00 WIB
C. Minggu tanggal 17/9/2020 tabuh 13.00 WIB
D. Selasa tanggal 17/9/2020 tabuh 13.00 WIB
E. Setu tanggal 17/9/2020 tabuh 13.00 WIB
Jawaban: C
27. Kecelakan segara bali kedadean neng pantai Parangtritis, dina Minggu (17/9/2020), sekitar gebug 13.00 WIB.
Kecelakaan iki nimpa telu bocah wadon yaiku Nicky Fitriani (15), Marini (38), lan Sunarti (39), ketelune warga Sragen, Jawa tengah.
Miturut pawarta ing nginggil pinten ingkang dados korban
A. 2
B. 3
C. 4
D. 5
E. 8
Jawaban: B
28. Perhelatan karnaval HUT kutha Jogja menyang-260 taun iki krasa spesial lantaran kabeh pamawa ngenakake anggo-anggo tokoh wayang.
Pirang-pirang tokoh sing ditampilake, Jemuwah (7/10/2016) neng antarane, Anoman, Kresna, Gatotkaca, Semar, Srikandi, Cakilan, Antaboga, Arjuna, Rahwanaa, Bima, lan Niwoto Kawola.
Miturut pawarta ing nginggil dalam rangka punopo karanaval di wontenaken
A. HUT RI
B. HUT Kutha Jogja
C. Wulan Sura
D. Khitanan
E. Mantenan
Jawaban: B
29. Perhelatan karnaval HUT kutha Jogja menyang-260 taun iki krasa spesial lantaran kabeh pamawa ngenakake anggo-anggo tokoh wayang.
Pirang-pirang tokoh sing ditampilake, Jemuwah (7/10/2019) neng antarane, Anoman, Kresna, Gatotkaca, Semar, Srikandi, Cakilan, Antaboga, Arjuna, Rahwanaa, Bima, lan Niwoto Kawola.
Tokoh kang ditampilaken wonten karnaval , Kejaba …
A. Anoman
B. Kresna
C. Gatotkaca
D. Semar
E. Ogoh ogoh
Jawaban: E
30. Perhelatan karnaval HUT kutha Jogja menyang-260 taun iki krasa spesial lantaran kabeh pamawa ngenakake anggo-anggo tokoh wayang.
Pirang-pirang tokoh sing ditampilake, Jemuwah (7/10/2019) neng antarane, Anoman, Kresna, Gatotkaca, Semar, Srikandi, Cakilan, Antaboga, Arjuna, Rahwanaa, Bima, lan Niwoto Kawola.
Apa kang ndadekan karnaval iki dados sepesial
A. Amarga kabeh paraga ngenakake anggo anggo tokoh wayang
B. Amarga kabeh paraga ngenakake anggo anggo tokoh Pahlawan
C. Amarga kabeh paraga ngenakake anggo anggo tokoh Super Hero
D. Amarga kabeh paraga ngenakake anggo anggo tokoh Kartun
E. Amarga kabeh paraga ngenakake anggo anggo tokoh Presiden
Jawaban: A
31. Kang nyerat Serat Wedhatama yaiku
A. Adipati Arya Panangsang
B. Pangeran Mangkunegara
C. Mangkunegara III
D. Mangkunegara V
E. KGPAA Mngkunagara IV
Jawaban: E
32. Surasa wigati piwulang ing serat wedhatama bisa kaperang dados 4, kejaba ...
A. Piwulang etika
B. Piwulang kasugihan
C. Piwulang ukum
D. Piwulang ngilmu
E. Piwulang panembah
Jawaban: B
33. Tembung wedhatama kang dados irah irahan serta punika saking tembung wedha lan tama kang ndueni teges ...
A. Wedha ndueni teges ngelmu tama nduweni teges becik
B. Wedha ndueni teges becik tama nduweni teges ngilmu
C. Wedha ndueni teges kepercayaan tama nduweni teges bacik
D. Wedha ndueni teges ngelmu tama nduweni teges kanuragan
E. Wedha ndueni teges kasopanan tama nduweni teges agung
Jawaban: A
34. Ing tembang macapat ana tembung guru wilangan. Kang diarani guru wilangan yaiku ...
A. Cacahing bait saben tembang
B. Cacahing gatra saben salarik
C. Cacahing aksara
D. Cacahing tembang
E. Cacahing aksara saben sagatra
Jawaban: B
35. Serat wedhatama ngandhut pitutur luhur kanggo mbangun ...
A. Slah bawa
B. Budi pekerti
C. Tepa slira
D. Gotong royong
E. Bangun nagari
Jawaban: B
36. Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa nahen hawa
Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wreda
Tuwin muda sudra kaki.
Gatra kaping telu ana tembang ing nduwur yaiku ...
A. 8 u
B. 8 i
C. 8 a
D. 11 i
E. 12 u
Jawaban: A
37. Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa nahen hawa
Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wreda
Tuwin muda sudra kaki.
Tembang ing nduwur ndue paugeran guru gatra cacahe ana ...
A. 5
B. 6
C. 7
D. 8
E. 9
Jawaban: C
38. Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa nahen hawa
Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wreda
Tuwin muda sudra kaki.
Tembung Marang para sarjana kang martapi ing nduwur ndue teges ...
A. Marang para sarjana sing nggolek duit
B. Marang para sarjana sing nggolek wong tua
C. Marang para sarjana sing lagi kuliah
D. Marang para sarjana sing nggolek ngilmu
E. Marang para sarjana sing wis dadi guru
Jawaban: D
39. Sumber pawarta kang ditampa awake dhewe iku bisa saka maneka werna medhia,sing baku ppawarta iku ...
A. Ndurung dingerteni sapa bae
B. Bisa dipercaya
C. Pangangen angen penyiar
D. Kabar kang wigati
E. Bisa nglipur ati
Jawaban: B
40. Wara wara kang surasane belasungkawa diarani ...
A. Brosur
B. Majalah
C. Lelayu
D. Pariwara
E. Ulem
Jawaban: C
41. Pawarta sing bisane mung bisa dirungokna anangin ora bisa ndheleng kanthi langsung prastawane, lumantar ...
A. TV
B. Koran
C. Majalah
D. Surat
E. Radhio
Jawaban: E
42. Wara wara lan pawarta iku nduweni ancas padha, yaiku ...
A. Kanggo piwulang tata krama
B. Kanggo sarana nguri nguri budaya
C. Menehi ngerti (informasi) marang wong akeh
D. Kanggo sarana komunikasi
E. Menehi katerangan
Jawaban: C
43. Pawarta asale saka tembung warta kang tegese ...
A. Berita
B. Layag
C. Tulisan
D. Kabar
E. Surat
Jawaban: D
44. Ojol Dibégal nang Brebes, Wong Tegal pada Ngumpulna Duit Nggo Kluwargané Korban
TEGAL — Aksi guyub dilakokna Komunitas Warga Tegal (KWT) sing ngumpulna duit nggo kluwargané Slamet Ariswanto (33), ojol sing dibégal nang Flyover Kramatsampang, Kersana, Kabupatén Brebes, dina Rebo (9/6/2021) Korban ninggal sawisé dikantem lan diobong daning pelaku sing arané Ahmad Jamaludin (21). Warga Désa Sengon, Kecamatan Tanjung, Brebes, kuwé saiki wis ndekem nang penjara.
Ketua KWT Amin Subiyanto ngomong gerakan Ngumpulna duit kiyé dilakoni nganggo cara onlén nang grup Facebook 'Komunitas Warga Tegal (KWT) '. Kegiatan donasi kiyé merga faktor kemanusiaan. Ngéling-éling kluwarga sing ditinggalna dudu seka kluwarga sing mampu.
Ancas pawarta ana nduwur yaiku ...
A. Ojol Dibégal nang Brebes
B. Wong tegal pada Ngumpulna Duit Nggo Kluwargané Korban
C. Begal ana Tegal
D. Kabupatén Brebes, dina Rebo (9/6/2021)
E. Pelaku saiki wis ndekem nang penjara.
Jawaban: B
45. PEKALONGAN — Bis PO Haryanto sing plat nomeré B 7156 VGA méh baé nyemplung maring kali lubar nyrudug brug nang Gili Gedhé Bojong, Kabupatén Pekalongan, dina Slasa (25/5/2021). Bis sing ngalami kecelakaan tunggal nyrudug adang-adang brug kiyé dinyana merga supir sing huruf ngarepé NK (46) ngantuk.
Miturut pawarta ana nduwur kapan kedadeyan kacilakan Bis PO Haryanto
A. Senen (25/5/2021).
B. Slasa (5/5/2020).
C. Slasa (25/5/2021).
D. Slasa (21/1/2021).
E. Minggu (5/5/2021).
Jawaban: C
46. Bab bab kang perlu digatekna nalika maca pawarta yaiku ...
A. Solah bawah kang digawe gawe
B. Vokal kang trep karo artikulasi
C. Mripat kudu nyawang kertas kang digawa
D. Swara kang sesuru serune
E. Ora perlu digatekna tanda koma lan titik
Jawaban: B
47. Kang kalebu medhia cethak aggone pawarta yaiku ...
A. Kalawarti
B. TV
C. Internet
D. Radio
E. Youtube
Jawaban: A
48. PEKALONGAN — Bis PO Haryanto sing plat nomeré B 7156 VGA méh baé nyemplung maring kali lubar nyrudug brug nang Gili Gedhé Bojong, Kabupatén Pekalongan, dina Slasa (25/5/2021). Bis sing ngalami kecelakaan tunggal nyrudug adang-adang brug kiyé dinyana merga supir sing huruf ngarepé NK (46) ngantuk.
Miturut pawarta ana nduwur kang nyebabake kacilakan Bus nyrudug brug ana Gili amarga ...
A. Rem blong
B. Supir ngantuk
C. Kakehen penumpang
D. Dalane murun pisan
E. Bis oleng
Jawaban: B
49. Cerita kang ora kalebu dongeng yaiku ...
A. Perang Diponegoro
B. Kancil nyolong timun
C. Keyong Mas
D. Buta Ijo
E. Tangkuban Perahu
Jawaban: A
50. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik cerkak, yaiku ...
A. Tema
B. Amanat
C. Alur
D. Agama
E. Latar
Jawaban: D
51. Crita kang surasane fakta riwayat uripe wong kang ditulis dhewe sinebut ...
A. Otobiografi
B. Cerkak
C. Novel
D. Crita sambung
E. Crita gambar
Jawaban: A
52. Kekancan Sak Lawase
Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku cilik. Sodiq iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang ngantukan, tapi aku yo ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes biasa dadi yo gak tak gowo ati.
“Duwar…itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti aku wae, nek aku jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq.
Miturut cerkak ana nduwur sapa sing kekancan sapet cilik ...
A. Fajar karo Sodiq
B. Fajar karo Budi
C. Sodiq karo Mira
D. Sodiq karo Rama
E. Aku karo kowe
Jawaban: A
53. Kekancan salawase
Ngapurane lah jar, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di senani mengko karo pak guru-guru balas sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq mlebu kelas bareng-bareng.
Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning tekan setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke
Miturut cerkak ana nduwur ana ngendi latar crita kasebut ...
A. Lapangan
B. Ngumah
C. Sekolahan
D. Pasar
E. Sawah
Jawaban: C
54. Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning tekan setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke
Miturut cerkak ana nduwur ana setengah perjalanan Sodiq pisah karo Fajar amarga arep ...
A. Tuku Bakso
B. Njiot jahitane ibuke
C. Pingin lunga dhewe
D. Lunga maring Jakarta
E. Menyang rumah sakit
Jawaban: B
55. Alur kang nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi seteruse dirani alur ...
A. Maju
B. Mundur
C. Maju mundur
D. Campuran
E. Mbelak mbelok
Jawaban: A
56. Umah Joglo punika bangunan ingkang khas umah tradisional …
A. Jakarta
B. Jawa Tengah
C. Bali
D. Kalimantan
E. Sumatra
Jawaban: B
57. Ingkang mboten kalebet perangan wewangunan omah Joglo yaiku
A. Pendhopo
B. Pringgitan
C. Dalem Agung
D. Krobongan
E. Gasebo
Jawaban: E
58. Papan panggonan ana ing umah Joglo kang gunane kangge nampi tamu, kang tansah dibuka tanpa wates ruangan, diarani …
A. Pendhopo
B. Pringgitan
C. Dalem Agung
D. Krobongan
E. Gandhok / Pawon
Jawaban: A
59. Papan panggonan ana ing umah Joglo kang gunane kangge nanggap wayang kulit utawa upacara tradisioanl, diarani …
A. Pendhopo
B. Pringgitan
C. Dalem Agung
D. Krobongan
E. Gandhok / Pawon
Jawaban: B
60. Papan panggonan ana ing umah Joglo kang gunane kangge keluwarga,kang sipat luwih tinutup kang nuduhake lamun urusan kaluwarga kang dirembug kanthi bebarengan, diarani …
A. Pendhopo
B. Pringgitan
C. Dalem Agung
D. Krobongan / senthong
E. Gandhok / Pawon
Jawaban: C
61. Papan panggonan ana ing umah Joglo kang gunane kangge ngaso utawa sare kang kagungan dalem,utawa kangge nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji sanesipun, diarani …
A. Pendhopo
B. Pringgitan
C. Dalem Agung
D. Krobongan / sentong
E. Gandhok / Pawon
Jawaban: D
62. Papan panggonan ana ing umah Joglo kang gunane kangge masak utawa kamar mandi, diarani …
A. Pendhopo
B. Pringgitan
C. Dalem Agung
D. Krobongan / Sentong
E. Gandhok / Pawon
Jawaban: E
63. Joglo iku salah siji wangun omah tradisional ing jawa tengah. Saliyané joglo ing jawa Tengah uga ana wangun omah limas. Omah Joglo duwèni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Biasané omah joglo iku ana gebyoge kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama yakuwi pendhapa lan dalem. Bagéan pendhapa arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kulawarga. Bagéan dalem minangka bagéan jero omah arupa ruangan kamar lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yakuwi bagéan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.
Miturut wacana ing nduwur ciri khas wewanguan umah joglo, kejaba yaiku …
A. Payone kang dhuwur
B. Ana gebyoge
C. Bagéan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.
D. Dumadi saka rong pérangan utama yakuwi pendhapa lan dalem
E. Ana meja lan kursi kang gedhe wujude
Jawaban: E
64. Joglo iku salah siji wangun omah tradisional ing jawa tengah. Saliyané joglo ing jawa Tengah uga ana wangun omah limas. Omah Joglo duwèni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Biasané omah joglo iku ana gebyoge kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama yakuwi pendhapa lan dalem. Bagéan pendhapa arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kulawarga. Bagéan dalem minangka bagéan jero omah arupa ruangan kamar lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yakuwi bagéan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.
Miturut wacana ing nduwur wewanguan umah joglo dumadi saka rong perangan yaiku …
A. Pendhopo lan Dalem
B. Pendhapa lan Sentong
C. Dalem lan Pringgitan
D. Ruang kamar lan Dalem
E. Pendhopo lan kamar
Jawaban: A
65. Sawijining tulisan kang ana sesambungane kalih pambudidayane panulis kanggo menehi pepincren pepincren saka sawijining objek , iku di wastani
A. Wacana eksposisi
B. Wacana deskripsi
C. Wacana argumentasi
D. Wacana persuasif
E. Wacana batin
Jawaban: B
66. tembung loro kang padha utawa meh padha tegese banjur digawe bebarengan, ikudiwastani …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: A
67. Bocah saiki ora nduwe toto kromo blas marang wong tuwo apa maneh marang Gurune
Tembung kang kacetak miring kalebu tembung …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: A
68. tembung loro utawa luwih kang digandeng lan diringkes sarana nyuda wandane,
iku diwastani …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: B
69. Bapak macul aneng sawah
Tembung kang kacetak miring kalebu tembung …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: B
70. Tembung kang wandane loro kang dirangkep didadekake sawanda. Iku diwastani …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: C
71. Rasane ko Bot tenan anggone nglakoni pacoban iki
Tembung kang kacetak miring kalebu tembung …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: C
72. Unen-unen sing ajeg penganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge, iku diwastani …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: D
73. Ali manawa ketemu karo Budi kaya dene Tumbu ketemu Tutup, mula gayeng pisan anggone Crita.
Tembung kang kacetak miring kalebu tembung …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: D
74. Unen-unen sing ajeg panganggone lan nduweni teges entar kang ngemu surasa ngambarake tindak-tanduke manungsa. Iku diwastani …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: E
75. Ani anggone tumindak kang ora becik senenengane kui nabok nyilih tangan, supaya deweke katon bener
Tembung kang kacetak miring kalebu tembung …
A. Saroja
B. Garba
C. Plutan
D. Saloka
E. Bebasan
Jawaban: E
Berbagi
Posting Komentar
untuk "75 SOAL UAS/PAS PILIHAN GANDA BAHASA JAWA"
Posting Komentar untuk "75 SOAL UAS/PAS PILIHAN GANDA BAHASA JAWA"