SOAL PAS BAHASA JAWA KELAS VI SD

PENILAIAN AKHIR SEMESTER I (PAS I) SEKOLAH DASARTAHUN PELAJARAN 2022/2023PROGRAM BELAJAR DARI RUMAH (BDR)
Wacanen kanthi patitis kanggo mangsuli pitakon nomer 1, 2 lan 3.
Brokohan utawa barokahan iku upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki duwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses lairan iku slamet. Brokohan iku asal tembung saka basa arab yaiku “barokah” sing tegese ngarepake berkah. Tangga teparo yaiku mligine para ibu ing saubengi diaturi rawuh, malah kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kaluwarga sing lairan saperlu ngucapake rasa melu bungah, lumrahe kanthi nggawa kadho arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalane. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan yaiku dhukun bayi.
Apa kowe setuju karo pratelan ing ndhuwur? Tulis alesanmu!
Mitoni iku asale saka tembung pitu. Upacara adat iki dianakake wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancase kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak bala. Jabang bayi umur 7 sasi iku wis duwé raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki prosès pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7.
Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu déning calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa ubedan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane ya iku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Raden Gathotkaca satriya ing Pringgondani kang dadi senapatine Pandawa nalika perang Baratayudha. Sak durunge manjing ing palagan, Gathotkaca ngadhep marang ibune Dewi Arimbi. Dewi Arimbi rumangsa seneng putrane dadi senopatine Pandhawa muji mugi paprangan lancar kalis ing rubeda nir sambikala.
Kanthi tekad kang wis nyawiji, Gathotkaca tumuju Tegal Kurusetra. Gathotkaca mabur ndhuwur ngambah dirgantara. Gathotkaca bisa mabur tanpa elar, bisa mlethik tanpa suthang. Tuhu satriya sekti mandraguna, otot kawat, balung wesi, akulit tembaga, sungsum genggala, adriji gunting, adengkul paron. Gathotkaca ngagem kotang antakusuma lan caping basunanda sing ndadekake yen panas datan kepanansen, yen udan datan kejawahan.
Satekane Tegal Kurusetra, para prajurit Pandhawa miwiti nyerang wadyabala Kurawa. Swara pedang, panah, candrasa lan swara prajurit kang pada tiwas. Wadyabala Kurawa akeh pada nemahi pralaya. Tegal Kurusetra prasasat banjir ludira.
Adipati Karna kang dadi senopatine Kurawa, age-age menthang langkap jemparinge. Mangewu-ewu panah mleset banter tumuju ing prajurit Pandhawa. Raden Gathotkaca banjur ngamuk, ngobrak abrik wadyabala Kurawa. Raden Gathotkaca banjur mateg aji Narantaka sing nyebabake ancure kretane Adipati Karna.
Adipati Karna mlesetake panah marang Gathutkaca. Nanging, mangewu-ewu panah mau ora bisa ngenani anggane Raden Gathutkaca. Adipati Karna banjur ngetokake senjata Kuntawijayadanu. Raden Gathutkaca kaget amarga yen senjata Kunta katamakake, dheweke bakal nemani pralaya. Raden Gathutkaca mabur, saya dhuwur-saya dhuwur dimen adoh saka sanjata Kunta. Nanging, Raden Gathutkaca ketemu marang Ditya Kalabendana sing ora liya pamane dhewe.
“Kulup Gathutkaca, siki wis titi wancine, aku arep ngajak koe munggah ing swarga loka” ngendikane Ditya Kalabendana.
“Paman Kalabendaha, kulo ikhlas lila lir legawa pejah saking astanipun Paman, wekasan kulo saged munggah swarga loka sinerengan Paman” wangsulane Gathutkaca.
Kalabendana ngerti yen senjata Kuntawijayadanu ora bisa munggah tekan ing angkasa, sak nalika senjata Kuntawijayadanu kasambar dening Kalabendana, banjur nekani Raden Gathutkaca. Sanjata Kunta banjur mlebu ing pusere Raden Gathutkaca. Getih kang metu saka anggane Raden Gathutkaca ndadekake mendhung ing akasa. Ragane Gathutkaca tumiba ing Tegal Kurusetra. Raden Gathutkaca nemahi palastra ing madyaning Tegal Kurusetra dadi satriya utama.
11. Wenehana tandha centhang (✓) ana ing 3 pratelan kang trep karo Raden Gathutkaca!
Dina Minggu, bapake ngajak Dito menyang toko pit. Dito milih pit warna abang kaya sing dadi kepenginane. Bapak ndhawuhi Dito numpak saka toko pit. Sawise tekan ngumah, Dito wis disamper kancane diajak pit-pitan nglilingi dalan-dalan ing lingkungan desane. Bapak weling supaya ngati-ngati olehe numpak pit, ora usah ngebut.
Dito lan kanca-kancane pamit banjur mangkat. Angin sing semribit ndakekake suasana pit-pitan saya nyenengake. Kabeh bocah pada ngepit jejer-jejer. Nanging, amarga ana kancane kang ngajak balapan, Dito kang lagi seneng-senenge ngepit banjur melu ngebut. Pit anyare pancen kepenak banget digawa banter. Nalika Dito lan kancane tekan pertelon pasar, dumadakan ana kucing kang liwat nang ngarepe Dito. Dito ora bisa ngendhalekake pit banjur nabrak kucing. Pite uga rubuh. Dheweke tiba kurugan pit, tangane lecet-lecet. Pite anyare kur lecek sithik ing bagian stang. Kucing sing ketabrak mau ora bisa mlaku. Dito bingung lan rumangsa salah. Kanca-kanca ngajak supaya kucinge ditinggal lunga, nanging Dito ora tega. Dito banjur njujugake kucing mau marang sing due yaiku Mba Ratih.
Dito menyang omahe Mba Ratih dikancani Budi. Dito nyuwun pangapura marang Mba Ratih lan janji Dito arep mragadi yen kucinge ditambakake. Mba Ratih ngucapake maturnuwun marang Dito amarga wis gelem njujugake kucing marang umaeh. Dito ora perlu ngetokake biaya kanggo mertamba kucinge. Dito atine lega.
17. Miturut wacan dhuwur, wenehana tandha centhang (✓) ana ing 3 irah-irahan kang trep karo isine wacan ing dhuwur!
18. Miturut wacan ing dhuwur, pasangna ukara pitakon lan wangsulan kang trep!
19. Apa pitutur luhur saka wacan ing dhuwur?
Jenengku Rudi, dina Jemuah kepungkur aku duwe pengalaman kang ora bisa tak laleake. Aku tangi nalika jarum jam wis nunjuk angka 7. Aku tangi kaget nuli gagean mlayu menyang kamar mandi. Ora nganggo sue olehe adus, aku salin klambi seragam sing dicanthelake ana mburi lawang. Amarga wis kawanen aku ora sarapan, aku nggendong tas lan sepaton banjur pamit kaliyan ibu.
Aku setengah mlayu anggone mangkat sekolah. Bapak penjaga sekolah arep nutup gerbang sekolah, aku banjur nrobos mlebu. Tekan ngarep kelas, kanca-kanca nembe rampung ndonga. Kanthi ngos-ngosan, aku ngucapake salam, nanging kanthi njawab salam ibu guru lan kanca-kanca padha nggatekake awakku. Kanca-kanca sekelas banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Aku bingung, apa sing salah saka awakku. Jebul sragam sekolahku beda karo kancane. Bu guru ndhawuhi aku lungguh. Kanthi rasa isin aku melu pelajaran. Aku esih syukur ora didukani bu guru sanajan aku telat olehe mangkat. Bu guru ora tega ngerti raiku wis katon abang merga isin. Iki pancen salahku, dolanan game tekan wengi sing marakake kedadean iki.
Tembang Kinanthi ing ngisor iki kanggo mangsuli nomor 22-25.
KinanthiSekar kinanthi pituturTumrap tataraning muridMbangun turut guruniraGegaran wulang kang becikBekti marang ingkang ramaMring kang ibu kudu bekti
Nyegah Corona
Mbasuh tangan kanthi sabun
Suwene rong puluh detik
Sinau kerja ing omah
Uga Social Distancing
Kurangi ing njaba omah
Cara nyegah Covid-Nentin
27. m=ktSe[kolh
Tulisan jawa diwaca ....
A. mangkat sawahB. mangkat sekolah
C. mangkat dolan
D. mangkat ngalas
30. Ukara ing ngisor iki salinen nganggo aksara jawa!
Posting Komentar untuk "SOAL PAS BAHASA JAWA KELAS VI SD"